Senin, 29 Januari 2018

WANGUN TEKS DRAMA MODERN

PENGERTIAN DRAMA


Drama yaiku crita panguripan sing dipindhah lan diwujudake ana ing panggung, kanthi kreativitase panulis teks/naskah, disengkuyung karo paraga-paraga liyane, rupa pachelaton/dhialog, lan tingkah laku.
  1. Dhialog:pacelathon kang kudu diucapake para paraga anggone ngucapake kanthi penghayat slaras karo tokoh sing diperanake.
  2. Tema:inti crita sing digunakake nemtokake lakune crita lan tujuan
  3. Tokoh:paraga sing dadi lakon ing drama lakune slaras karo karakter/watak sing ana ing crita drama
  4. plot:alur utawa rerangken sing ngrakit crita ing teks/naskah drama, nanging uga ing saben adegan, ditemokake plot. Plot dumadi saka:
          ➽ Eksposisi
          ➽ Komplikasi
          ➽ Klimak
          ➽ Anti klimak
          ➽ Ending/resolusi

Unsur basa sing dianharake lan dititingi diwatesi ana ing wujud rakitane teks, yaiku Dhialog lan Gancaran. Teks dhialog minangka teks sing bakal dilisanake para paraga, salaras karo panulisane ukara langsung/ lisan lan salaras uga karo trap-trapane basa.

Nulis teks drama
Ing ngisor iki carane nulis teks drama:
  • milih tema
  • saka tema, nemtokake plot
  • nemotokake tokoh lan penokohan
  • nulis crita jangkep

Main drama
Dhasar-dhasar main drama sing paling penting kudu dikuwasani, Yiuku:
  • interpretasi 
  • ekspresi 
  • olah tubuh
  • olah swara



 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar