NINTING STRUKTUR TEKS DRAM TRADISONAL
Struktur teks naskah kethoprak bisa disumurupi liwat unsur instrinsik kang ana ing naskah. Unsur mau dumadi saka:
➽ Tema
Tema yaiku gagasan pokok kang dikembangake dadi crita kang digelar ing pamentasan kethoprak.
➽ Alur
Alur yaiku tata urutan lumakune crita ing naskah/ pagelaran khetoprak. Sabanjure alur bisa digolongake dadi alur maju, alur mundur, lan alur campuran.
➽ Setting/ latar
Yaiku gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar. Dumadi saka gegambaraning panggonan, waktu, lan gegambaran swasana nalika prastawa dumadi.
➽ Penokohan
yaiku nggambarake sapa sing dadi rol utawa paraga utama, paraga penyengkuyung, sarta nggambarake kepriye watak, lan sipate saben tokoh.
➽ Amanat
yaiku psan moral kang kinandhut ing crita pementasaan kethoprak. pesan moral iki kang sabanjure bisa dadi tuntunan tumrap sapa bae kang nonton.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar